Pelajar saiki

“Ujian nasional” jere paling soro,,

Saiki ngomong ngono. Jal delok’ en mben bar lulus. Ujian terberat te pelajar yo kuwi bar lulus. Ra mungkin bar lulus ate rabi!, kan yo ngesakne wong tuomu bar entek-tek an ge nebus ijasahmu lakok saiki kon mbayar kuwademu. Ngos-ngosan mbak, po meneh wong tuone wong biasa uduk anak e pejabat.

Ate golek kerjo saiki yo angele ra umum. Ono o gajine gak sepiro entek ge tuku bensin karo wedak rung jajan karo dolanmu, la terus opo gak nguwehi wong tuomu. Bener wong tuo ora jalok, tapi kowe dadi anak’e kudune seng luweh peka.

Enek seng ndue pemikiran “aku tak rabi e enak di openi bojoku” yo tak akoni niat mu apik ,, tapi setidak e ngertio wong tuomu asline pengen awamu dadi wong sukses, ben gak kyok wonge. Ora terus mutul aku rabi ae.

Terus ndek omah ae ra metu-metu golek kerjoan opo ngunu?? Isino mbak ijazah mu duwur wi titelmu nek paterah awamu ra gelem melu wong yo nggae dodolan opo ngunu. Dodolan online yo iso wong ibuk-ibuk saiki online nan tok mosok seng nom-nom rebahan tok ae.

Ayo tangi jo turu ae. Saiki wayahe seng nyambut gawe anak’e mbok’ e wes pensiun tuwek. Kudune anak e sadar diri .

Tinggalkan komentar

Rancang situs seperti ini dengan WordPress.com
Mulai
close-alt close collapse comment ellipsis expand gallery heart lock menu next pinned previous reply search share star