“panen pari” lek wong ndeso kerjo ne gak leren-leren. Derep terus. Ra perduli awak e gemreges goro-goro ngangkati kawol. Di sunggi ndek sirah. Kabeh wes di jadwal sesok kerjo ndek mah’e iki, sesok neng mah’ e ki.
Dadi yo wajar lek wayahe panen pari akeh wong loro. Yo mergo gawane Damen bosok. Makane akeh seng gregesi watuk pilek adem anget. Dadi ojo langsung nguwei tenger korona. Peh-peh ki musime korona. Ngunui seng loro maleh isin wong loro biasa di lebih-lebihne.
Antisipasi oleh? Ndang ngedoh ngunue gak popo rasah kakean polah kowar-kowar ko ndi-ndi. Jangan panik dan tetap hati-hati.